Minggu, 09 Februari 2020

Sesorah


Sesorah (pidato)

 yaiku micara/matur/nglairake gagasan sarana lisan ing sangarepe wong akeh kanthi ancas tinamtu.


a. Ancasing sesorah/tujuan sesorah


1. Atur Pambagyo

yaiku sesorah kanggo nampa rawuhe tamu kang ana ing acara apa wae kayata acara syukuran,supitan,tanggap warsa(ulang tahun),pengantenan.


2. Atur kabar/paring informasi

yaiku sesorah kang aweh kabar/informasi,umpamane acara rapat organisasi,promosi barang.


3. Atur pangajak

yaiku sesorah kang ancase supaya sing mirengaken percaya banjur ketarik atine lan gelem nindakake apa kang diwedharake dening sing sesorah,umpamane sesorah ing papan ibadah


4. Atur panglipur

 yaiku sesorah kang aweh panglipur utawa nggedhekake atine marang para sutresna sing lagi nandhang susah,umpamane sesorah ing sangarepe para kadang kang lagi nandhang pancobaning urip arupa musibah bencana alam,kepaten lan liya liyane.


5. Atur panyarue/ngemutake

nelakake panemu kanthi dhasar-dhasar kang ganep tumrap sawenehing ada ada,contone tontonan lumatar tv,panggoning hp lah internet kang kurang becik tumraping bocah sekolah.

b. Bab wigati nalika lagi sesorah(bab yang perlu diperhaikan saat pidato)


1. Basa

Basa kang digunakake kudu cocog karo sing diadhepi. Basa ngoko digunakake menawa sing diadhepi iku bocah/luwih enom tinimbang sing sesorah. Basa krama digunakake menawa ngadhepi wong sing luwih tuwa/wong sing kudu diurmati.



2. Busana

Menawa sesorah becike nggunakake busana kang becik lan sopan. Ana tetembungan “ajining raga saka busana” kejaba kanggo ngormati sing padha mirengake uga bisa kanggo njagani lan ngajeni awake dhewek. Busana uga kudu kaleresan karo kahanan lan tujuan.



3. Swara

Swara kang kepenak dirungokake iku aja keseron utawa aja lirih banget. Anggone ngucapake kudu jelas,ora kecepeten saengga apa kang diwedharake gampang dingerteni karep,irama ora lugu kaya wong maca buku.



4. Solah bawa(sikap)

Wong sesorah iku kudu mantep lan tatag,madhep marang pamriksa,aja tumungkul,ndhingkluk lan aja ndangak.



c. Bab kang kudu disingkiri nalika sesorah


1. Polatan mbesengut
2. Gugup
3. Ngguyu sing digawe gawe
4. Sering ndeleng cathetan
5. Bola bali ngobahake tangan/sikil
6. Ngadeg kaku kaya wong baris
7. Karo mloka mlaku
8. Tangan methentheng
9. Tangan mlebu sak klambi/kathok
10. Ngupil

d. Urutane sesorah


1. Salam pambuka

Isine ngucapake salam marang tamu kang rawuh kayata nuwun,kula nuwun,sugeng siyang,sugeng sonten,sugeng ndalu utawa salam liyane

2. Purwaka

Atur pakurmatan marang para tamu lan atur syukur marang Gusti dene isih bisa ketemu kanggo nindhakake acara iku. Uga atur panuwun marang para tamu sing wis kersa nglonggarake wektu rawuh ing acara iku

3. Isi/wignatining atur

Isine bab apa sing bakal diaturake manut marang acarane

4. Pangarep-arep

Isine bab sing disuwunake(diarep arep) saka sing kagungan kersa marang tamune umpamane donga, pitutur lan sapiturute.



5. Panutup

Isine nyuwun pangapura menawa anggone nampa tamu utawa matur ana tetembungan sing kurang becik lan solah bawa utawa tindak tanduk sing ora mranani penggalih.

Sumber

  • http://duniakirun.blogspot.com/2016/04/pengertian-dan-contoh-sesorahlengkap.html?m=1


Deskripsi busana adat

BUSANA ADAT


1.Nemokake isi teks dheskripsi babagan busana adat jawa.
2. Pokok – pokok isi teks dheskripsi bababagan busana adat Jawa.
3. Nulis teks dheskripsi babagan busana adat Jawa.
4. Maca teks dheskripsi babagan busana adat Jawa.

1. Nemokake isi teks dheskripsi babagan busana adat Jawa

Teks dheskripsi iku teks kang digunakake kanggo njlentrehake samubarang kanthi nerangake katrangan kang katon.Teks dheskripsi babagan busana adat Jawa iki bisa njlentrehake apa,sapa,piye,kapan,lan sapanunggale.Kajaba iku uga kudu bisa nitik lan mbedakake tembung-tembung kang digunakake,tembung-tembunge ngoko apa krama.

2. Pokok-pokok isi teks dheskripsi babagan busana adat Jawa

Lumantar maca teks dheskripsi ngenani busana adat Jawa para siswa bisa nemokake tuntunan luhur yen sejatine nyandhang nganggo iku ora sakepenake dhewe.


Busana Adat Jawa


Busana kejawen mungguhe wong lanang iku dumadi saka 8 werna,yaiku:blankon utawa dhestar,beskap utawa atela,sabuk utawa setagen,keris,cindhe utawa sindur,kepek,timang,jarik utawa nyamping,lan selop.
Blankon lan keris iku siji lan sijine ono perangane dhewe-dhewe.Perangan blankon ana 7 werna,yaiku mathak,kemodho,wiron,cungkeng,mondholan,ubet utawa kupon,lan kunchung.Dhene keris kang uga diarani dhuwung utawa wangkringan utawa curiga dumadi saka 7 perangan uga.7 perangane keris iku jenenge ukiran,mendhak,rangka,godhong,wilah/kaatga/warung,pendhok lan ganja. 

3. Nulis Teks Dheskripsi Babagan Busana Adat Jawa

Titikane teks dheskripsi yaiku tatanane ( strukture ) ana katrangan bab kang didheskripsekake lan perangan kang didheskripsekake

Teks Dheskripsi iku digunakake kanggo njlentrehake samubarang kanthi nerangake ciri ciri kang katon.

4. Maca Teks Dheskripsi Babagan Busana Jawa Kanthi Nyuwara


Maca kanthi nyuwara iku maca kang ditujokake marang wong liya. Maca teks dheskripsi iku maca kanthi :
1. Swara kang cukup
2. Kedal kang cetha
3. Unjal napas kang paner

Sumber 
  •  Buku BASA JAWA 3 Kelas Xll SMA/SMK/MA
  •  Keselarasan karo kurikulum 2013 Muatan lokal Provinsi Jawa Tengah

Nulis aksara jawa

AKSARA JAWA

Aksara jawa uga dikenal mawa jeneng aksra "Hanacaraka" dijupuk saka urutan limang aksara wiwitane. Urutan dhasar aksara jawa nglegana (utawa uda) iki cacahe ana rong puluh lan nglambangake kabeh fonem basa jawa. Urutan aksara jawa nglegene karo pasangane yaiku kaya mangkene




SANDANGAN WYANJANA



AKSARA MURDHA




AKSARA REKAN



ANGKA JAWA



AKSARA SWARA



SANDANGAN SWARA



Sumber Buku BASA JAWA 3 Kelas Xll SMA/SMK/MA