Selasa, 21 Januari 2020

Apa iku gamelan

GAMELAN


Gamean iku mujudake piranti musik jawa
padatan kanggo pangiring tembang. Tumrpe wong urip, gamelan kena kanggo niteni wewatakane menungs. Karepe, bisa kanggo nodhi utawa nguji kepie rasa tetabuhan musik jawa kang ricikane akeh kanggo ngiringi lagu lagu utawa tembang tembang jawa kang umume diarani gendhing.
Gamelan iku dumadi saka piranti werna werna nanging tetep nyawiji. Sanajan cacahe akeh, nanging yen diunekake bareng bisa nuwuhake ras kang endah jalaran dilaras kanthi premati lan ditata kanthi becik. Murih endah irama, larase gamelan dibedakake dadi rong werna, yaiku laras slendro lan laras pelog.

Laras Slendro 

minangka swasana sing nyenengake, entheng, seneng lan krasa luwih rame.  Babagan kasebut kabukten karo adegan perang, gelut utawa garis sing diiringi tong tong gending.

  Laras Pelog, 

umume ngasilake swasana sing menehi kesan manly, regal, suci lan suci, utamane ing game gendhing sing nggunakake laras pelog nem.

KAWRUH GAMELAN

Gamelan inggih menika  seni musik tetabuhan tradhisional asli saking  Indonesia utamanipun  saking pulo Jawa, Madura, Bali saha Lombok. Tembung gamelan menika asalipun saking basa Jawa inggih menika "gamel" kang gadhah makna "tabuh". Isi gamelan menika saprangkat piranti musik ingkang diagem ngiringi tembang, utawi ditabuh tanpa tembang minangka klenengan.

Andharan cekak bab ricikan gamelan miturut wujud,  bahan, cara nabuh gamlen :
1. Wujud Tebokan
Ricikan gamelan ingkang wujud tebokan iku cara nabuh dithuthuk (bedhug, tambur) utawi dipunkebuk (kendhang).

1.
KENDHANG AGENG
Kendhang sing paling gedhe ukurane dibandhing kendhang liyane. Swarane paling cendhek dhewe.
2.
KENDHANG KETIPUNG
Kendhang kang paling cilik dhewe lan ngasilake swara paling duwur. Biasane ditabuh bareng karo kendhang ageng.
3.
KENDHANG CIBLON
Kendhang kang duweni ukuran sedheng, luwih cilik ukurane dibandhing kendhang ageng lan wayangan. Swarane luwih duwur katimbang kaendhang ageng.
4.
 

Kendhang Wayangan

Kendhang sing ukurane sedheng, luwih cilik sithik lan swarane luwih dhuwur katimbang kendang ageng.

2. Wujud Wilahan
Gamelan ingkang wujudipun wilahan inggih punika Gender, Slenthem, Gambang, Demung, Saron, Peking. Caranipun nabuh dipunthuthuk.
1.


Gender
Gamelan kang kasusun ing papan kaya ayunan lan ngisore ana tabung/silinder saka pring lan wesi tipis kanggo ngatur gema swarane. Ditabuh ngagem bendha.
2.
 

Slenthem
Wujud balungan kang ngasilake swara alus katimbang balungan liyane. Ugi sinebat gender penembung/gender gantung.
3.


Gambang
Wujudipun gedhe tur dawa lan wilahanipun digawe saking kayu. Wilah kang luwih gedhe swarane luwih rendah.Ditabuh ngagem bendha
4.


Saron Demung
Jinis saron kang paling gedhe ukurane lan ngasilake swara paling cendhak. Wilah barung iku paling gedhe. Ditabuh ngagem gandhen.
5.



Saron Barung
Jinis saron tengah-tengah (antarane demung lan peking). Wilah barung luwih gedhe katimbang peking lan luwih cilik katimbang demung.  Luwih dhuwur swarane saka saron demung lan ukurane luwih cilik
6.


Saron Peking
Jinis saron kang paling cilik. Wilah peking luwih cilik katimbang demung lan barung, nanging luwih kandel. Luwih dhuwur swarane katimbang saon barung, ukurane luwih cilik.


3. Wujud Wilahan Pencon
Gamelan ingkang wujudipun wilahan pencon inggih punika Slentho, Gong Kemodhong, Kecer. Cara nabuhipun dipunthuthuk.
1.



Slentho
Cara nabuhipun dithuthuk.
2.

Gong Kemodhong
Ditabuh ngagem gembel.
3.

Kecer
Perangkat gamelan ditangkubake ing pasangane.


 4. Wujud Pencon
Gamelan ingkang wujudipun pencon inggih punika Bonang, Kethuk, Kenong, Kempyang, Kempul, Suwukan, Gong. Cara nabuh dipunthuthuk, jagur.
1.

Bonang Panembung
Wujud bonang kan paling gedhe.
2.


Bonang Penerus
3.



Bonang Barung
Wujud bonang sing luwih cilik saka bonag panembung lan penerus.
4.


Kethuk
Perangkat gamelan kang kasusun ing papan kaya ayunan, natane kaya kenong lan bonang. Rancakanipun luwih cendhek katimbang kenong.
5.


Kempyang
Perangkat gamelan kang kasusun ing papan kaya ayunan, natane kaya kenong lan bonang. Rancakanipun luwih cendhek katimbang kenong.
6.
Kenong
Perangkat gamelan kang kasusun ing papan kaya ayunan, natane kaya bonang, kethuk,lan kempyang.
7.


Kempul
Biasane digantung. Bentukane koyo gong nanging luwih cilik lan swarane luwih dhuwur.
8.


Gong Ageng
Gamelan kang ditabuh lan diametere paling gedhe. Duweni nada paling rendah. Ditabuh nganggo gembel.
9.


Gong Suwukan
Gamelan kang ditabuh lan ukurane gedhe sakwise gong ageng. Duweni nada luwih dhuwur katimbang gong ageng

5. Wujud Kawatan
Gamelan ingkang wujudipun kawatan inggih punika Rebab, Siter, Clempung. Cara nabuh Rebab dipungesek, dene Siter lan Cemplung dipunpethik utawi cuwik.
1.


Rebab
Wujud gamelan kang cara nabuhe dikosok/digesek.
2.
Siter
Wujud gamelan kang cara nabuhe dipetik nganggo tangan.

3.


Celempung
Wujud gamelan kang cara nabuhe dikosok/digesek. Nadane saoktaf ngisore siter.


6. Wujud Pipa
Gamelan ingkang wujudipun pipa inggih punika Suling saha Kemanak. Cara ngungelaken Suling dipunsebul, dene Kemanak dipuntabuh.
1.


Suling
Dipundamel saking deling/pring. Cara ngunekke disebul. Swara sing diasilake saka rongga angin sing digeterake. Frekuensi gelombange gumantung karo ukuran dawa rongga angin sing digeterake.
2.



Kemanak
Perangkat gamelan kang wujude memper gedhang, biasane ditabuh kanggo ngiringi bedhayan

Sumber  gegaran nyinau basa jawa 3 kelas XII SMA/SMK/MA
http://fridhaauliasari1d.blogspot.co.id/2017/05/uyon-uyon.html

Rabu, 15 Januari 2020

Wedhatama Pupuh Kinanthi

Serat Wedhatama 



Pengertian wedhatama 

        Serat wedhatama asale saka basa sansekerta, Wedhatama menurut kamuskawi-indonesia karangan  L. mardiwasito, saka tembung ''wedha'' kang tegese ilmu pangerten, lan tembung ''Tama'' kang tegese becik. Miturut R. Tanojo tegese tembung ''wedhatama'' yaiku pepathokaning putra. Di deleng saka tembung ''wedha'' tegese pepakem (patokan) lan tama utawa utama kang duwe teges anak. Pepathikaning putra tegese pathokan utawa pedoman kanggo putra lan putrine

         Serat Wédhatama iku karya susastra Jawa gagrag anyar kang ngamot filsafat Jawa mligi bab kawruh manunggaling kawula gusti. Iki ditulis déning Kanjeng Gusti Pangéran Adipa ti Arya (KGPAA) Mangkunagara IVSerat wedhatama duweni isi piwulang babakan budi pekerti utawa tumindak utama gerteni.

          Serat wedhatama
Serat wedhatama iku salah sawijining seratane Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Aryo (KGPAA) Mangunegara IV Kang wujude tembang. Serat wedhatama ngemot tembang macapat yaiku pupuh pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh lan kinanthi. Cacahe ana limang pupuh

Guru gatra, guru lagu lan guru wilangan


Guru gatra 

yaiku araning timbaning swara ing saben pada (bait).

Guru lagu 

yaiku araning timbaning swara ing saben pungkasaning gatra.


Guru wilangan

 yaiku araning cacahing wanda saben gatra/ baris.



TEMBANG Kinanthi 


Padha gulangen ing kalbu
ing sasmitha amrih lantip
aja pijer mangan nendra
kaprawiran den kaesthi
pesunen sariranira
sudanen dahar lan guling

artine:
Padha latihen ing ati,
Ing pratandha supaya gathekan,
Aja tansah memangan lan turu wae,
Tumindaka kang utama kang dadi sedyamu,
Usahakna dening awakmu,
Sudanen anggonmu memangan lan turu

Guru gatra         : 6
Guru lagu           : u,i,a,i,a,i
Guru wilangan  : 8,8,8,8,8,8


WATAK TEMBANG KINANTHI


Watake seneng, tresna asih, mituturi, nuladani, mula lumrahe kanggo menehi pitutur lan crita kang nalekane rasa tresna asih Dikanthi-kanthi (diarahkan dan dibimbing) supaya dadi manungsa sejati. Kang iso njaga bumi pertiwi.


Ajaran ajaran sing ono ing tembang kinanthi

  1. Ngasah perasaan supaya nyingkirke hawa nafsu supaya dadi manungsa sing mulya kanthi gambarake wong akeh supaya entuk ketentraman ati lan jiwa.
  2. Tansah waspada supaya mawas diri lan ngilingake rasa ragu ning njero ati supaya mantep kanggo nglakoni kebajikan.
  3. Ngilangake rasa cemburu, ora nganggu wong liya, lan nahan hawa nafsu nanging mung  sepi dadi ayem tentrem.
  4. Piwulang sing ngetutke hal kang becik ingkang wes diajarke gawe  ngolehake kamulyaan.
  5. Ngelingke manungsa ben eling lan waspada , maksute eling yaiku ileng marang petunjuk utowo pelajaran kang dikei saka alam (eling lukitaning alam

Cara nulis tembang kinanthi 

Nulis tembang macapat, klebu tembang kinanthi iku kudu manut aturan kang gumathok. Aturan kang gumathok kaya kang disebutake ana ing dhuwur, yaiku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan.
Wiwitana kanthi gawe ukara bebas, ukara bebas mau banjur dicocokake karo guru gatra , guru wilangan lan guru lagune, cara nyocogake bisa kanthi ngowahi tembung tembung e , cara iku kayata nganggo Purwakanthi swara, purwakanthi sastra, Yogyaswara,  baliswara, dasanama, tembung saroja, lan sapanunggale.

Sumber: Google cendekia
             Gegaran Nyinau Basa Jawa Kelas XII SMA/SMK/MA